Kucing Sing Pinter Ngelambana
Judul : Kucing Sing Pinter Ngalembono Penerbit : Karunia Jaya Surabaya Suwijining ndina ana kucing sing alus, kinclong, lan putih mulus wulune mlaku ing pawon. Dheweke weruh ana anak thekek lagi nggondol daging empal mbuh saka endi. Kucing dadi kepingin melu mangan, terus nggolek cara supaya bisa ngrebut daging empal kuwi. Kanthi modal wulune sing mranani, lan kaprigelan olah - kata kang mendhemi, kucing rumangsa iso ngrebut empal saka anak thekek sing muturut pengamatane isih mentah, kurang pengalaman. "Hai thekek, awakmu iku ketok pengkuh, rosa banget lan kulitmu kandel ora tipis kaya kulit cecak. Apa tho rahasiane?". Thekek bungah banget dialembana dening kucing kang elok rupane. Nanging dheweke meneng wae amarga sumelang menawa mangsuli pitakone kucing, empale bakal tiba nang njobin. Kucing ora kurang akal, banjur takon maneh. "Hai Thekek, kowe iso ora ngajari aku mlaku ning tembok. Kok ya ampuh tenan kowe ki iso mlaku ning tembok, sing ngajari sap...